Ing tahun iki, lagu Jogja Istimewa lagi populer ing Indonesia. Bocah bocah ing arane Jogja Hiphop Foundation (JHF) iso ngrubah boso Jowo sing rodo redup dadi beken digabungke ing lagu hiphop.
Critone, diwiwiti soko acara-acara cilik koyoto Hip Hop Reunion lan Angkringan Hip Hop, bocah-bocah JHF iso ngenalke lagu-lagu cipta’ane dewe. Musik sing digowo rodo unik, nyampurke boso Jowo karo musik Hip Hop sing kondang ing Amerika kono.
JHF iki anggotane Marzuki Mohammad, Anto Gantas, Lukman, Balands. Iki video sing lagi populer, Jogja Istimewa.
Cilikane Mat Pithi, wis ketok nek calon arek mbeling. Kira-kira umur 5, durung sunat. Nek nguyuh, wong pancen ‘kupluk’-e manuk-e jik durung disunat, iyo ae nek nguyuh mesti pating plencar gak karu-karuwan. Kathik nek nguyuh sak enggon-enggon, dadi yo nggarahi pesing kabeh.
Man Dul, bapak-e Mat Pithi, yo rodok mangkel ndelok ndik endi-endi uyuhe Mat Pithi pating ciprat gak karu-karuwan. Tembok-tembok pesing kabeh, tah, wis.
Sore-sore, man Dul nyeluk Mat Pithi, diajari nguyuh sing tepak, cek gak njibrat kono-kene.
“Cung, koen nek nguyuh ojok terus mak cur ngono ae. Delok-en iku tembok-e kecipratan kabeh mbarek uyuhmu. Lak pesing kabeh, tah, nek ngono iku”
“Tak warahi nek nguyuh sing tepak, yo. Rungokno urut-urutane. Lanjutke maos »
Ono’ arek enom kemlinthi banget… senengane lek numpak montor mesthi ngebut… opo maneh saiki montore ganti RX-King sik anyar kinyis-kinyis… Leh numpak koyo cak Doohan… wis ta lah… pokoke gaya temen… kemethak ngono kae lah…
Critane pas bengi-2… lagi enak-2e ngebut (lha iyo… opo se enake ngebut…) ngerti-2 ono wong wedok tuwek nyebrang dalan… langsung ae arek iku mau ngerem ndadak… ciii..ittt… ittt… (ojo’ ditambahi ‘il’ yo..) Lanjutke maos »
Ono wong lanang pengen belajar Facebookan, trus dekne ora ngerti arep ngopo. Mangkane dekne SMS koncone wedok arep takok ben ngajari Facebook. Isi SMS kurang luwihe koyo ngene :
mr X: Mey, warahi aq gae facebook yoo
maya: Oke, u wes nang ngarep komp?
mr X: wes, aq yo wes ndue email
maya: sippp, buka en, browser firefox, nek ga ngono internet explorer…
mr X: browser ki opo?
maya: klik menu start trus golekono tulisane Internet explorer Lanjutke maos »
Dino minggu, bar ngumbahi kathok bagian jeroan, ndadak pengen nyantai. Langsung wae muter lagu-lagu campursari. Tak rungok’ke sajane campursari kang aran Resepsi kok yo kepenak. Golek ing youtube.com ndadak nemu vidione. Yo wis, kuwi ngono karaoke, dadi ono teks lagune. Tak tulis wae, sopo ngerti ono konco-konco ing kene pengen nyanyi sisan.
Iki lirik campursari Resepsi. Sing nyanyi kuwi Waljinah, ananging nemu vidione si mbak Nurhana. Yo wes, ra popo lah. Lanjutke maos »