Tamu BakulWeb.Com ing dino ke siji

Aku wes gak tahan gek cepetan di luncur no. Akhire website iki, BakulWeb.Com nggelinding ndek ndonyo internet tanggal nemlikur januari rongewu songo. Aku sempat woro-woro nang fesbuk, milis diskusi hosting indonesia, milis TDA karo masang status ndek YM. Akhire dino ke siji wis lewat lan cobo tak pelototi statistik BakulWeb.Com. Wahahaha, lumayan lah. Ono kunjungan wolung puluhan. Mugo-mugo iki awal sing apik nggo tetep nulis ing boso jowo. Amin. Dudul aku ya .. duh, opo seh boso jowone dukung ?. Hmmm … support aku yaa .. halah. Bekingi aku ya huhauhauhua.

Soal Banyolan ala Mat Pithi

Sejak tahun 2004, embuh sopo sing nggowo dongeng iki, tapi tulisane selalu tak simpen ndek komputerku. Sakwise tak woco-woco, tulisan iku isine banyolan thok. Jeneng karakter sing digawe ndek crito iku Mat Pithi. Byuh, akhire aku ngefans karo dekne. Tapi, omong-omong, sakjane sopo yo penulis Mat Pithi iku ?

Mat Pithi iki uwong, didadekno karakter crito banyolan suroboyoan. Salah siji maksud sing tak tangkep teko akehe banyolan iku, wong suroboyo gak cuma iso tawuran, tapi yo iso mbanyol sing nggarai suasana gayeng lan isine ngakak thok. Tapi saiki, aku kepikiran. Sopo yo sing pinter nulis mbayol kuwi ? Salut. Tak golek’i ning google malah nemoni tulisan soal Mat Pithi, tapi tetep gak jelas sopo penulis asline.

Opo iki penulise ya ?

Nulis nggo boso jowo

Alhamdulillah. Puji syukur dumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, Allah SWT, Tuhan YME. Kuwi disek sing iso tak ucapke kanggo kehadiran BakulWeb.Com iki. Seneng tenan karo web iki, soale karo web ikilah aku iso nulis nggo boso ibuk ku. Boso sing sering tak rungokno, sering tak gawe ngomong karo Ibu lan Bapak, ugo adek-adekku. Boso letheg sing tak gawe kekoncoan pisan naliko TK sampek kuliah.

Selama nekuni ndoyo sekolahan lan usaha, boso mayoritas sing tak gawe yo Indonesia. Ancene dek’ne boso sing ngerteni wong-wong sak Indonesia. Naliko nggon formal kuwi tak deleh, aku mbalik nggawe boso jowo. Ono roso lain pas nggawe boso ibuk iki, yo kuwi ngroso iso nyampekno roso ing awak. Aku jek meyakini, boso sing pas kanggo nyampekne uneg-uneg roso kuwi boso Ibu. Yen bagiku, yo boso jowo kuwi. Lanjutke maos »