Google arepe ngemplok Skype

Butone internet, Google dikabarno arepe nuku layanan komunikasi berbasis P2P (Peer to Peer) Skype, sing saiki dukuasai karo Ebay. Mergo kondisi keuangan lan ekonomi USA, eBay nduwe rencana arep adol Skype nang Google.

Jarene PC World, gosip iki tambah kenceng ae mergo eBay gak becus ngelola Skype. Sak wise nuku Skype USD 2,6 miliar petang tahun iko, eBay ngaku kangelan nglebokno sistem Skype ndok situs lelang nggone dewe.

Skype sakjane nduwe potensi bisnis sing lumayan gede, amargo Skype dewe ngumumno untung 26% setahun wingi. Masio rumor iki jek durung iso dipastekno, tapi koyok’e buto internet, Mbah Google cocok nglebokno aplikasi chatting iki ndok email. Soale google dewe wis nduwe perangkat iki.

Skype kuwi program komunikasi sing berbasis P2P sing digawe kanggo tujuan nyediakno sarana omong-omongan sing berkualitas tob markotob lan berbasis internet. Kaluwihan liyane yoiku, regane murah lan iso tersebar ndek seluruh ndoyo. Sing nggawe Skype iso omong-omongan karo wong liyo, tapi kabeh kudu terdaftar ndek Skype.

Hosting Indonesia Murah
Toko komputer bali


4 wong dadi tukang rasan-rasan !


This post has truly brought on me to consider various new problems in our world. Thanks for causing others to consider.

Hi, I can’t understand how to add your site in my rss reader. Can you Help me, please? I really want to read your future posts.

Jarene kaskus ya kate di tuku gugel ya cak… :D

Tanggapanmu, piye lur ?