Lirik lan Mp3 Walang Kekek – Waljinah
Iki lo, Walang kekek, sing nembang Waljinah, sinden jowo kesohor. Ono versi videone, barengan karo didik nini thowok hahaha. Lucu tenan. Nonton video karo nyanyi sisan. Yen seneng, langsung wae di download Mp3 ne ya.
LIRIK WALANG KEKEK
Walang kekek, menclok nang tenggok
Mabur maneh, menclok nang pari
Ojo ngenyek yo mas, karo wong wedho
Yen ditinggal lungo, setengah mati
E… ya ye…, ya ye.. ya
E ya.. yae yai, e yaiyo yaiyo
Manuk sriti kecemplung banyu
Bengi ngimpi awan ketemu
Walang abang menclok neng koro
Walang biru.. walange putih
Bujang maneh yo mas, ora ngluyuro
Sing wis duwe putu, ra tau mulih
E… ya ye…, ya ye.. ya
E ya.. yae yai, e yaiyo yaiyo
Biso nggambang yo mas, ora biso nyuling
Biso nyawang, ora biso nyanding
Walang ireng, mabur brenggenggeng
Walang ireng, dowo suthange
Yen podo seneng yo mas, ojo mung mandeng
Golek ono ngendi omahe
E… ya ye…, ya ye.. ya
E ya.. yae yai, e yaiyo yaiyo
Biso nggambang yo mas, ora biso ndemung
Biso nyawang, ora wani nembung
Walang kekek, walange kayu
Walang kayu, tibo neng lemah
Yen kepingin yo mas, arep melu aku
Yen mung trimo, tak kon jogo ngomah
E… ya ye…, ya ye.. ya
E ya.. yae yai, e yaiyo yaiyo
Andeng-andeng, ono pilingan
Ojo dipandeng, mundak kelingan
Walang kekek menclok neng tampah
Mabrur mrene, menclok wit pete
Sumengkemo mring Gusti Allah
Nindakake dawuh-dawuhe
E… ya ye…, ya ye.. ya
E ya.. yae yai, e yaiyo yaiyo
Walang kekek menclok neng tali
Limang wektu ojo nganti lali
E… ya ye…, ya ye.. ya
E ya.. yae yai, e yaiyo yaiyo
Walang kekek, walange kadung
Walang kekek sampun rampung







not bad
good
matur suwun kagem lyricipun mas.
walang kekek…ksuwun jeh…..hehe
apik tenan dab… matur suwun
nglaras kagem disekecakaken pakde,,
tenggok iku artine opo?
kelingan suwargine mbahku…. biyen nak aku ate turu di nyanyekne iki… suwun2 wes suwi aku goleki lagu iki. ( hehe gak ngerti judule soale )
appik tennan nggo nglaras urip, kalimat sing keri…apik aja lali limo wektu sholat. maturnuwun