Tibakne situs boso jowo iki ono gunane tenan. Iki mau aku dikontak karo bule sing nduwe pembantu soko Indonesia. Dek ne kontak aku opo iso mbantu nerjemahke boso jowo nang inggris.
Rupane, pembantune kuwi kirim surat menyang Indonesia nganggo boso jowo. Cilokone, bule ne ra ngerti karo boso jowo hahahaha. Aku takok, kanggo opo nerjemahke boso jowo kuwi ?. Bulene njawab, nek pengen ngecek tanggapan soko pembantune wektu kerjo kare dek ne.
Ya wes, surat boso jowo kuwi di scan lan dikirim nang aku. Pelan pelan tak terjemahke ning boso inggris. Rupane pembantune seneng kerjo karo bule kuwi. Isi surate cuman takok kabar lan nyuwun dongo wae soko bapak lan ibune.
Duh, poro sedulurku sing kerjo ning luar negeri kono. Mugo-mugo diwenehi kesehatan, krasan lan iso sumbangke devisa kanggo keluargamu ning Indonesia kene ya … Selamat bekerja pahlawan devisaku ….
Tapekno, memang mat pithi iku sembaranganne juara. lha sakdurunge lomba dowo-dowoan lak dheke melok lomba niup lilin. tapi gak ngae cuangkem utawa abab.. tapi gae entut.
Pesertane yo meh podho.. tapi ketambahan saka china sing ahli silat, tenaga dalam, sumo jepang, koboi amerika barek petinju negro. wis pokoke awake nek gak atletis, yo gothot.. paling gak gembrot, wetenge gedhe kabeh. lha mat pithi iku lak pucet tah… pucet nyekukruk koyo cecek eruh kucing… (tapi soglekane reek….)
Ancene mat pithi iku kepengine dadi gong. mangkane nomere pancet buncit. Lanjutke maos »
Wulan-wulan maret karo april iki ono peristiwa sing anget. Salah siji perusahaan hosting sing terkenal ndek Indonesia mak bedunduk ngilang. Nelantarno pelanggane. Jan mesakno. Mbiyen, perusahaan iki online nggawe jeneng microcyber.net
Ancene murah tenan rego barang sing ditawarno. Sempet nggawe ketar ketir ndok ati. Piturut kabar sing iso di golek’i nang google.co.id, sing nduwe perusahaan iku lali karo tanggung jawabe sak wise dek’ne melu dadi caleg (calon legislatif) ning Sumatera Utara kono. Lanjutke maos »
Enak-enak turu tengah wengi, anake Mat Pithi nuangis koyok wong kewedhen.
“Aku ngimpi mbah lanang mati …” jare anake.
“Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi” jare Mat Pithi.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake bojone Mat Pithi kenek serangan jantung, dud !
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi. Lanjutke maos »
Yo poro penggemar Keronjtong, ayo nyanyi sampek keriting ilatmu ya hehehe. Iki ono lagu keroncong Bunga Aggrek soko penyanyi kalem Sundari Soekotjo. Iki ono video lan lirik keroncong Bunga Anggrek, karaoke karo pendelik’an yo :
Bunga Anggrek mulai timbul
Aku cinta padamu
Sewaktu kita berkumpul
Kau duduk disampingku Lanjutke maos »
Mat Pithi pancen bethike gak ketulungan. Masih bapakne kaji, Mo-Limo wis dilakoni. Korak, balon, germo, tukang parkir sak Kermil kenal kabe karo arek Dinoyo Gang Limo iki. Tapi sejak Suharto ngelundung, kelakoane rodok apik. Mat Pithi gak tau ugal-ugalan maneh. Lek ditakoni koncone, “Mat raimu sik mbalonan?”. “Mathek ketubruk montor, tanganku kithing aku wis tobat cuuk…!”, Mat Pithi ngotot. Modele morale arek iki melu reformasi pisan.
Saiki kesibukane Mat Pithi meguron nang Kaji Kholil, guru ngaji soko Ampel. Segala ilmu disinaui. Mulai ilmu kebal sampe ilmu gendhing wedhokan wis dikuasani. Jangkep limang wulan meguru, Mat Pithi diwekasi gurune ” Mat…, ilmu sing mbok sinaui wis jangkep. Tapi lek koen kepingin ningkatno mane, koen topo wae ning Gunung Batok.”. Lanjutke maos »
Jancok iku iso kanggo koncoan utowo musuhan, tergantung teko ngendi ndelok’e Pak.
Jancok, Jancuk utowo dancok kuwi boso khas Suroboyoan sing nyebar seantero jagad. Siiieh. Wong Jawa Timur sing manggon ndek Suroboyo, Malang lan sekitare iki sing mulai nyebarno.
Nurut mas Anang, Jancok asale soko boso ‘encuk’ sing nduwe arti padanan ‘bersetubuh’ utowo nek bahasa meduro dikenal ‘fuck’. Awale soko boso ‘di-encuk’, trus ‘dancok’ lan akhire dadi boso ‘Jancok’.
Sak jane akeh macem’me kanggo boso jancok iki, misale jancuk, dancuk, dancok, diamput, damput, daiampot, mboke ancuk (motherfucker -boso meduro), jangkrik, hancik, hancok, hancurit. Lanjutke maos »