Yuk Jah iki tanggane Mat Pithi, rondo, dulinane Mat Pithi.
“Opoko sampeyan ning ?” Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, “Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan. Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan “. Lanjutke maos »
Lagu lingsir wengi iki jarene kanggo ngundang Kuntilanak … hiiiiiiiiiiii … wedi tenan. Wes ra usah dipikirke ya mas lan mbakyu. Sing penting ayo nembang lingsir wengi. Iki ono mp3, video lan lirik’e. Ayo nembang bebarengan.
Lirik Lingsir Wengi :
lingsir wengi
sepi durung biso nendra
kagodho mring wewayah kang ngreridu atiLanjutke maos »
Tibakne situs boso jowo iki ono gunane tenan. Iki mau aku dikontak karo bule sing nduwe pembantu soko Indonesia. Dek ne kontak aku opo iso mbantu nerjemahke boso jowo nang inggris.
Rupane, pembantune kuwi kirim surat menyang Indonesia nganggo boso jowo. Cilokone, bule ne ra ngerti karo boso jowo hahahaha. Aku takok, kanggo opo nerjemahke boso jowo kuwi ?. Bulene njawab, nek pengen ngecek tanggapan soko pembantune wektu kerjo kare dek ne.
Ya wes, surat boso jowo kuwi di scan lan dikirim nang aku. Pelan pelan tak terjemahke ning boso inggris. Rupane pembantune seneng kerjo karo bule kuwi. Isi surate cuman takok kabar lan nyuwun dongo wae soko bapak lan ibune.
Duh, poro sedulurku sing kerjo ning luar negeri kono. Mugo-mugo diwenehi kesehatan, krasan lan iso sumbangke devisa kanggo keluargamu ning Indonesia kene ya … Selamat bekerja pahlawan devisaku ….
Tapekno, memang mat pithi iku sembaranganne juara. lha sakdurunge lomba dowo-dowoan lak dheke melok lomba niup lilin. tapi gak ngae cuangkem utawa abab.. tapi gae entut.
Pesertane yo meh podho.. tapi ketambahan saka china sing ahli silat, tenaga dalam, sumo jepang, koboi amerika barek petinju negro. wis pokoke awake nek gak atletis, yo gothot.. paling gak gembrot, wetenge gedhe kabeh. lha mat pithi iku lak pucet tah… pucet nyekukruk koyo cecek eruh kucing… (tapi soglekane reek….)
Ancene mat pithi iku kepengine dadi gong. mangkane nomere pancet buncit. Lanjutke maos »
Wulan-wulan maret karo april iki ono peristiwa sing anget. Salah siji perusahaan hosting sing terkenal ndek Indonesia mak bedunduk ngilang. Nelantarno pelanggane. Jan mesakno. Mbiyen, perusahaan iki online nggawe jeneng microcyber.net
Ancene murah tenan rego barang sing ditawarno. Sempet nggawe ketar ketir ndok ati. Piturut kabar sing iso di golek’i nang google.co.id, sing nduwe perusahaan iku lali karo tanggung jawabe sak wise dek’ne melu dadi caleg (calon legislatif) ning Sumatera Utara kono. Lanjutke maos »
Enak-enak turu tengah wengi, anake Mat Pithi nuangis koyok wong kewedhen.
“Aku ngimpi mbah lanang mati …” jare anake.
“Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi” jare Mat Pithi.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake bojone Mat Pithi kenek serangan jantung, dud !
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi. Lanjutke maos »
Yo poro penggemar Keronjtong, ayo nyanyi sampek keriting ilatmu ya hehehe. Iki ono lagu keroncong Bunga Aggrek soko penyanyi kalem Sundari Soekotjo. Iki ono video lan lirik keroncong Bunga Anggrek, karaoke karo pendelik’an yo :
Bunga Anggrek mulai timbul
Aku cinta padamu
Sewaktu kita berkumpul
Kau duduk disampingku Lanjutke maos »