Radio Jodhipati FM - Siaran Boso Jowo soko Tlatah Nganjuk

Radio boso jowo Jodhipati iki wis ono suwi ing Nganjuk, Jawa Timur. Aku kenal radio iki soko Bapakku, Pak Untung Subagijo lan Ibuku, Sri Sunaryati tahun 2006 kepungkur.

Wektu kuwi, aku lan keluargo lagi tindak soko mudik ing Pacitan lan Madiun. Soko kulon, sakdurunge Nganjuk kiro-kiro 10km, ono prapatan. Belok kiri kiro-kiro 5 km, keluargaku mampir ing radio Jodhipati. Langsung moro tamu ditemui karo nyonya Joko, sing nduwe radio kuwi.

Sopo Pak Joko ? Kuwi lo penemu Blue Energy. Koyok’e seh, sepurane nek salah.

La kenopo kok aku semangat banget nulis soal Jodhipati FM iki, amargo radio iki total ngabdike siarane ing boso jowo. Lagu-lagune yo boso jowo, campur sari-an. Yo cocok karo web iki, nggo boso jowo kabeh hehehehe.

Okelah, radio boso jowo Jodhipati FM iki iso dirungok ke ing ndunyo. Aku wae saiki ing denpasar lagi ngrungok ke siarane. Carane :
- Buka’en iki : http://www.jodhipatifm.co.id.
- Gedekno volume suoro laptop/komputer mu.
- Live streaming soko Nganjuk - Jawa Timur nyebar ing alam Ndoyo hehehe.

Sugeng midangetaken nggih.

Hosting Indonesia Murah
Toko komputer bali


2 wong dadi tukang rasan-rasan !


kulo pendengar engal mas akulo matur suwun sanget kalian radio jodipati amargi warung kulo laris manis katah tiang mriki engkang remen kalian lagu lagu jowo.lan kulo ingih saget memantou terus jadwal acara keramaian engkang slalu di siaraken terus kalian radio jodhi pati rezeki kulo sak meniko saget meningkat 100%.maju trus matur suwun kathah kalian penyiar sedoyo mugi mugi bulan meniko gajiannipun saget mindak 100%…amin 3x

Kereen iki. Ngrungok ke akh.

Tanggapanmu, piye lur ?