Tibakne akeh sing bingung
Duh, tibakne konco-koncoku ngroso bingung moco halaman ngarep. Koyok’e tulisan ku salah kaprah ya. La yo piye, antara jowo tengahan karo jowo timuran rupane ono bedane. Misale, omongan: piye (jateng) = yok opo (suroboyoan), yen (jateng) = nek (suroboyo), kuwi (jateng) = iku (suroboyo), lan (jateng) = karo (suroboyo), diukoro (jateng) = disebutno (suroboyo) … Hwaaaaaaaaaaaakkk .. tibakne akeeeeh.
Tapi, aku kan wes ngomong, nek aku iku urip gak ndek Mojokerto ae, tapi mencar-mencar. Kadang nok mediun, pacitan, mojokerto, karo mbali. Hmm, rupane, boso sing ndek ngarep kono iku luwih ke jowo tengahan yo. Hmm, enak’e yok opo yo dulur ?. Biasane, wong suroboyoan rodok (ndlodok) ngerti boso jowo tengahan. Tapi kadang wong jowo tengahan rodok (ngisin-ngisini) gak eroh boso timuran. Ben’no we. Nek bingung yo takok ae nang aku, utowo langsung nyocot nang halaman celotehan kono lo. ***Pletak ! hahahaha.







seng biasane didadekno pathokan sebagai boso jowo yo memang soko jawa tengah, utamane jogja lan solo, tapi kan yo awak-awak iki seng penteng jowone, ora tengah timur utara selatan..
tapi yo okeh seng bingung kok, misale awakku dewe sejak nang bali okeh ngumpul karo arek teko jawa timuran, langgam boso jowoku ya ketimur-timuran jee…
———
klambine mari ae di gawe…durung reget…
lha iki kan klambi lawas, sopo jare ntar nggawe klambi??
———-
hayoo sopo ngerti bedone?
gak opo2 cak bosone morat-marit sing penting ruh artine.
@arif nofiyanto
“di gawe” sing ndhukur artine jare guru boso indo = dipakai
nek sing ngisor “nggawe” = “membuat”
piye bener ra yo?